Senin, 15 Juli 2013

Deskripsi Sri Sultan HB IX (Bahasa Jawa)

Sri Sultan Hamengkubuwono IX

          Sri Sultan Hamengkubuwono IX mios ing Sompilan, Ngasem, Ngayogyokarto rikolo 12 April 1912 kanti, asma timur Bendoro Raden Mas Dorodjatun. Panjenegan nipun putra Sri Sultan Hamengkubuwono VIII lan Raden Ajeng Kustilah. Nalika yuswo 4 tahun Hamengkubuwono IX sampun pisah kalian rama ibu nipun. Panjenengan nipun sekolah wonten ing pawiatan HIS ing Ngayogyokarto, MULO ing Semarang, lan AMS ing Bandung. Rikala tahun 1930-an panjenengannipun kuliah ing  Rijkuniversiteit (sakmeniko Universiteit Leiden), ing Belanda.
 Hamengkubuwono IX kawisuda minangka sultan Ngayogyokarto rikolo tanggal 18 Maret 1940 kanti gelar “Sampeyan nDalem Ingka
ng Sinuhun Kanjeng Sultan Hamengkubuwana Senapati ing Ngalaga Abdurrahman Sayidin Panatagama Khalifatullah ingkang Jumeneng Kaping Sanga” . panjenengannipun ingkang mbalela kalian penjajah Walondo lan ngupiya kamardikan Indonesia. Kejawi saking punika panjenengannipun ugi ngupiya amrih pemerintah Republik Indonesia paring status khusus dateng Ngayogyokarto kanthi jejuluk “Istimewa”.
 Sakderengipun jumeneng noto, rikolo yuswo 28 tahun Sultan wawan rembag kalian diplomat senior Walondo Dr.Lucien Adam ngengingi otonomi Ngayogyokarto. Rikolo penjajahan Jepang, Sultan mboten ngidinnaken pengiriman Romusha tumuju Sumatra, Panjenengannipun ngawontennaken pedamelan Selokan Mataram. Sultan sesarengan Paku Alam VIII minangka panguaos ingkang nyengkuyung pemerintah Republik Indonesia. Panjenengannipun ugi ngerawuhaken Presiden supados mimpin Negari saking Ngayogyokarto saksampunipun Jakarta dipunkuaosai  Walondo wonten ing Agresi Militer Walondo I. Sultan ugi ngginakkaken arta dipun kiyambak (saking istana Ngayogyokarto) kangge mbayar gaji pegawai engkang mboten pikantuk gaji wiwit Agresi Militer ke-2.

Sri Sultan Hamengkubuwono mangkat / sedo dinten ahad wanci dalu suryo 2 Oktober 1988, panjenengannipun sedo wonten ing George Washington University Medical Centre, Amerika Serikat lan kapetak wonten ing pemakaman Raja-raja Mataram ing Imogiri, Bantul.


KALO MAU CO-PAS IJIN DULU

8 komentar:

  1. Perkenalkan, saya dari tim kumpulbagi. Saya ingin tau, apakah kiranya anda berencana untuk mengoleksi files menggunakan hosting yang baru?
    Jika ya, silahkan kunjungi website ini www.kumpulbagi.com untuk info selengkapnya.

    Di sana anda bisa dengan bebas share dan mendowload foto-foto keluarga dan trip, music, video, filem dll dalam jumlah dan waktu yang tidak terbatas, setelah registrasi terlebih dahulu. Gratis :)

    BalasHapus
  2. Izin kipas bang buat tugas saya tolong diizinkan karenana saya masih SMP dan bingung mau buat geografi gimana

    BalasHapus
  3. Izin copas bng soalnye bingung kek gimana critanye dalam bahasa jawa:^ abang kan baek:>

    BalasHapus
  4. Paidi Onana Kopling14 November 2023 pukul 19.51

    Izin copas

    BalasHapus